WAYANG
Wayang
menika pagelaran nggagem boneka ingkang umumipun katon endah ing
wewayanganipun lan dilampahaken dening dhalang kanthi iringan
gamelan. Boneka menika saget kang kawujud 2 dhimensi utawi kawujud 3
dhimensi. Umimipun, ingkang kawujud 2 dhimensi, kadamel saking kulit
( walulang ), ingkang biyasanipun kulit sapi, utawi wedhus. Ingkang
wujud 3 dhimensi, lumrah didmel saking kayu ingkang dipunrenggani
pengangge saking kain ingkang maneka warna adhedasar karakter wayang
kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana ingkang ndamel wayang
saking suket, lan kerdus, ananging wayang jinis menika mboten radi
khatah ditemoni.
Wayang
menika mboten namung sumebar wonten Jawa kemawon. Nanging uga ing
wonten tlatah sanesipun ing Nusantara. Ing antarane panggnan siji lan
liyane gadah gagrag piyambak-piyambak. Ing Indonesia sakniki sampun
onten luwih saking 100 werni variasi wayang ingkang sumebar ing
pirang-pirang daerah. Ing tanah Jawa dhewe wae akeh jinising, nanging
ingkang paling diremeni yaiku wayang kulit.
- Wayang kulit menika uga asring sinebut wayang purwa. Sumber critanipun saking kitab Mahabarata kalian Ramayana ingkang ditulis dening Mpu Sedah, Mpu Panuluh lan Mpu Kanwa. Wayang kulit menika sajinising pagelaran wayang ingkang nrapaken boneka-boneka saking kulit. Wayang menika didamel saking kulit ingkang ditatah kalian dientha kados dene manungsa. Umumipun wayang kulit migunakaken lakon wayang purwa nanging uga onten ingkang ngangge crita “Menak lan Babad Tanah Jawa”, crita agama ( Kristen, Buddha ), perjuanga, lan maneka werni carios sanesipun.
Wayang kulit
dimainaken wonten layar pethak ingkang sinebut kelir.
Dene wayang-wayang menika ditancepaken wonten debog kalian onten ing
sisih tengen kalian kiwa dhalang. Gamelan ingkang wonten ing sisih
wingking ngiringi pagelaran punika. Kathahe wayang ing kothak mboten
sami ing antaranipun dhalang setunggal kalian dhalang sanese. Onten
ingkang kirang saking 180, uga onten ngantos 400 wayang.
Wonten jaman
sakniki, pagelaraan wayang antuk awah-awahan. Campursari kalian
Dhagelan mlebet ing antaranipun pagelaran wau. Amarga wayang uga
sampun mlebet dados acara TV, dangunipun pagelaran ingkang aslinipun
sewengi sok dikurangi dados sawetara namung sejam. Nderek
kemajuanipun jaman, wus tinatah lan sinungging wayang ngantos
migunakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang
ingkang tinatah kalian sinungging kanthi media digital kasebut
e-wayang, dhalang kalian wayangipun onten ing Australia.
- E-wayang menika wayang ingkang sedaya proses pendamelanipun ngginakake sarana kalian fasilitas digital, kangge mbangun bagean ingkang mbentuk wujud e-wayang. Kalebet ugi ing sajroning pagelaran wayang ngginakke srana computer. Sedaya proses menik miturut proses digital, saengga dados wujud wayang ingkang wonten ing format-format digital kalian saged dipun sajekaken dados pagelaran digital kanthi program komputer.
- Wayang Purwa menika sajinising wayang saking Jawa. Para ahli ngira yen ukara purwa dijipuk saka parwa, utawa perangan saka kitab-kitab kakawin kayata Mahabharata utawa Ramayana. Ing bausastra Jawa enggal, ukara purwa saget ngandut pangerten jaman purba utawa jaman wiwitan. Nanging ing versi aslinipun, ing Jawa ana sesambungn antara rong jaman niki kang banjur dirunut dados silsilah piyambak. Ing tangan pujangga Jawa, wiracrita loro menika diowhi lan ditambah maleh. Imng pedhlangan dhalang gadhah kuwasa improvisasi crit-crit cilik, kang banjur kondhang dadi “crita carangan”. Wayang Purwa ngalami pangowahan kang akeh nalika ing jaman Wali Sanga. Yen dideleng kanthi prasaja, lakon wayang diperang dados kaleh : pakem kalian carangan
Pagelaran wayang
menika smpun diakoni deningUNESCO ing tnggal 7 November 2003, dadi
karya kabudayaan kang edi peni kanggo bangsa Indonesia ing babagan
crita dongeng lan warisan sing berharga banget (
Masterpiece
of Oral and Intangible Heritage of Humanity ). Suwalike,
UNESCO nyuwun supaya Indinesia njaga warisan menika.
Daftar pustaka
Wayang Purwa –
Wikipedia
Indonesian Wayang
Inscribed in 2003 on the Representative List of the Intangible
Cultural Heritage of Humanity
Kesimpulanipun
wayang wonten Nusantara menika wonten kathah jinising, wonten wayang
kulit, wayang wong lan sapanunggalane, lan wayang wonten Nusantara
menika mboten namung wonten ing Jawa nanging woten tlatah sanesipun
ing Nuswantara wonten wayang ingkang werni-werni jinising. Lan kita
ingkang dados tiyang Negara Indonesia kudu lan wajib njaga warisan
saking leluhur kita punika
Tidak ada komentar:
Posting Komentar