Senin, 08 Juli 2013

tuladha parikan basa Jawa

Parikan rong ukara:
  1. Tuku gajih tuku lombok
    Pengen sugih malah tombok
  1. Nggolek yuyu banjur adus
    pakde Dayu pancen bagus
  1. Tuku roti nggolek tawon
    Aja meri yen rak tumon
  1. Katok bolong kanggo ngaji
    Aja nyolong duit gaji
  1. Mbalang watu kena gulu
    Aja nguyu yen rak lucu
  1. Ana mak wo mlaku-mlaku
    Durung tuwo durung payu
  1. Dolan karo nggelar kloso
    Ora kroso yen meh Bodho
  1. Nemu tahu karo ketan
    Yen kemayu koyo setan
  1. Nukoni balon karo tawon
    Alon-alon asal kelakon
  1. Ana gula ana semut
    Aja gela yen rak katut




Parikan papat ukara:

  1. Awan-awan tuku sirup
    Di damel es seger tenan
    Isuk-isuk kudu raup
    Aja nganti lali sikatan
  1. Mlaku-mlaku neng pasar sore
    Weruh wong ijek makani gajahe
    Yen kowe ora pengen kere
    Aja nganti lali ngai sedekahe
  1. Mlaku-mlaku lungo tuku tali
    Jebule tali sepatu
    Yen kowe pengen lungo neng Bali
    Aja lali nggowo sangu
  1. Basa Krama pancen angel
    Aja lali nyinaunine
    Aja nggawe kanca jengkel
    Amarga angel ngancanane
  1. Melu Ibu lungo nyang pasar
    Aja lali tuku siwalan
    Jebulane wes nduwe pacar
    Ora sido dijak kenalan

1 komentar: