Senin, 08 Juli 2013

wayang

WAYANG

Wayang menika pagelaran nggagem boneka ingkang umumipun katon endah ing wewayanganipun lan dilampahaken dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka menika saget kang kawujud 2 dhimensi utawi kawujud 3 dhimensi. Umimipun, ingkang kawujud 2 dhimensi, kadamel saking kulit ( walulang ), ingkang biyasanipun kulit sapi, utawi wedhus. Ingkang wujud 3 dhimensi, lumrah didmel saking kayu ingkang dipunrenggani pengangge saking kain ingkang maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana ingkang ndamel wayang saking suket, lan kerdus, ananging wayang jinis menika mboten radi khatah ditemoni.
Wayang menika mboten namung sumebar wonten Jawa kemawon. Nanging uga ing wonten tlatah sanesipun ing Nusantara. Ing antarane panggnan siji lan liyane gadah gagrag piyambak-piyambak. Ing Indonesia sakniki sampun onten luwih saking 100 werni variasi wayang ingkang sumebar ing pirang-pirang daerah. Ing tanah Jawa dhewe wae akeh jinising, nanging ingkang paling diremeni yaiku wayang kulit.
  1. Wayang kulit menika uga asring sinebut wayang purwa. Sumber critanipun saking kitab Mahabarata kalian Ramayana ingkang ditulis dening Mpu Sedah, Mpu Panuluh lan Mpu Kanwa. Wayang kulit menika sajinising pagelaran wayang ingkang nrapaken boneka-boneka saking kulit. Wayang menika didamel saking kulit ingkang ditatah kalian dientha kados dene manungsa. Umumipun wayang kulit migunakaken lakon wayang purwa nanging uga onten ingkang ngangge crita “Menak lan Babad Tanah Jawa”, crita agama ( Kristen, Buddha ), perjuanga, lan maneka werni carios sanesipun.
Wayang kulit dimainaken wonten layar pethak ingkang sinebut kelir. Dene wayang-wayang menika ditancepaken wonten debog kalian onten ing sisih tengen kalian kiwa dhalang. Gamelan ingkang wonten ing sisih wingking ngiringi pagelaran punika. Kathahe wayang ing kothak mboten sami ing antaranipun dhalang setunggal kalian dhalang sanese. Onten ingkang kirang saking 180, uga onten ngantos 400 wayang.
Wonten jaman sakniki, pagelaraan wayang antuk awah-awahan. Campursari kalian Dhagelan mlebet ing antaranipun pagelaran wau. Amarga wayang uga sampun mlebet dados acara TV, dangunipun pagelaran ingkang aslinipun sewengi sok dikurangi dados sawetara namung sejam. Nderek kemajuanipun jaman, wus tinatah lan sinungging wayang ngantos migunakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang ingkang tinatah kalian sinungging kanthi media digital kasebut e-wayang, dhalang kalian wayangipun onten ing Australia.
  1. E-wayang menika wayang ingkang sedaya proses pendamelanipun ngginakake sarana kalian fasilitas digital, kangge mbangun bagean ingkang mbentuk wujud e-wayang. Kalebet ugi ing sajroning pagelaran wayang ngginakke srana computer. Sedaya proses menik miturut proses digital, saengga dados wujud wayang ingkang wonten ing format-format digital kalian saged dipun sajekaken dados pagelaran digital kanthi program komputer.

  1. Wayang Purwa menika sajinising wayang saking Jawa. Para ahli ngira yen ukara purwa dijipuk saka parwa, utawa perangan saka kitab-kitab kakawin kayata Mahabharata utawa Ramayana. Ing bausastra Jawa enggal, ukara purwa saget ngandut pangerten jaman purba utawa jaman wiwitan. Nanging ing versi aslinipun, ing Jawa ana sesambungn antara rong jaman niki kang banjur dirunut dados silsilah piyambak. Ing tangan pujangga Jawa, wiracrita loro menika diowhi lan ditambah maleh. Imng pedhlangan dhalang gadhah kuwasa improvisasi crit-crit cilik, kang banjur kondhang dadi “crita carangan”. Wayang Purwa ngalami pangowahan kang akeh nalika ing jaman Wali Sanga. Yen dideleng kanthi prasaja, lakon wayang diperang dados kaleh : pakem kalian carangan
Pagelaran wayang menika smpun diakoni deningUNESCO ing tnggal 7 November 2003, dadi karya kabudayaan kang edi peni kanggo bangsa Indonesia ing babagan crita dongeng lan warisan sing berharga banget ( Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity ). Suwalike, UNESCO nyuwun supaya Indinesia njaga warisan menika.


Daftar pustaka
Wayang Purwa – Wikipedia
Indonesian Wayang Inscribed in 2003 on the Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity

















Kesimpulanipun wayang wonten Nusantara menika wonten kathah jinising, wonten wayang kulit, wayang wong lan sapanunggalane, lan wayang wonten Nusantara menika mboten namung wonten ing Jawa nanging woten tlatah sanesipun ing Nuswantara wonten wayang ingkang werni-werni jinising. Lan kita ingkang dados tiyang Negara Indonesia kudu lan wajib njaga warisan saking leluhur kita punika













Tidak ada komentar:

Posting Komentar